PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 28:15-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Kowé kudu nggawé tutup dhadha kanggo mènèhi keputusan.+ Tutup dhadha iki kudu disulam nggunakké bahan sing padha karo éfod, yaiku benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 16 Tutup dhadha kuwi bentuké kudu kothak wektu dilempit loro. Dawané lan ambané kudu sak jengkal.* 17 Kowé kudu masang watu-watu permata ing tutup dhadha kuwi. Kuwi kudu mbok susun dadi patang baris. Baris sing pertama yaiku watu merah delima, topaz, lan zamrud. 18 Baris sing keloro yaiku watu pirus,* safir, lan yaspis. 19 Baris sing ketelu yaiku watu lesyem,* akik, lan kecubung. 20 Baris sing kepapat yaiku watu krisolit, oniks, lan giok. Kabèh watu kuwi kudu dipasang nganggo tatakan emas. 21 Kowé kudu ngukir jenengé 12 anaké Israèl ing watu-watu kuwi, kaya nèk ngukir cincin. Jeneng siji diukir ing watu siji. Jeneng-jeneng kuwi nglambangké 12 suku Israèl.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim