-
Pangentasan 39:8-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus, Bézalèl nggawé tutup dhadha.+ Tutup dhadha kuwi disulam, padha kaya éfod. Tutup dhadha kuwi digawé saka benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 9 Tutup dhadha kuwi bentuké kothak wektu dilempit loro, lan wektu dilempit loro, dawané lan ambané sak jengkal.* 10 Wong-wong kuwi masang watu-watu permata ing tutup dhadha kuwi lan disusun dadi patang baris. Baris sing pertama yaiku watu merah delima, topaz, lan zamrud. 11 Baris sing keloro yaiku watu pirus,* safir, lan yaspis. 12 Baris sing ketelu yaiku watu lesyem,* akik, lan kecubung. 13 Baris sing kepapat yaiku watu krisolit, oniks, lan giok. Kabèh watu kuwi dipasang nganggo tatakan emas. 14 Jenengé 12 anaké Israèl diukir ing watu-watu kuwi, kaya cincin sing diukir. Jeneng-jeneng kuwi nglambangké 12 suku Israèl.
-