-
Pangentasan 28:22-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Kowé kudu nggawé ranté saka emas murni sing diplintir dadi siji kaya tali,+ terus kudu mbok pasang ing tutup dhadha kuwi. 23 Kowé kudu nggawé cincin emas loro lan kudu mbok pasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ndhuwur. 24 Kowé kudu nglebokké ranté emas mau ing cincin sing dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha. 25 Pucuk sijiné saka tali loro kuwi kudu mbok lebokké ing tatakan emas sing dipasang ing éfod bagéan pundhak. Dadi, tutup dhadha kuwi bakal ana ing ngarepé éfod.
-