-
Pangentasan 39:15-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Wong-wong kuwi nggawé ranté saka emas murni+ sing diplintir dadi siji kaya tali, terus dipasang ing tutup dhadha kuwi. 16 Wong-wong kuwi nggawé tatakan emas loro lan cincin emas loro, terus cincin emas loro kuwi dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ndhuwur. 17 Terus, wong-wong kuwi nglebokké ranté emas mau ing cincin sing dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha. 18 Pucuk sijiné saka tali loro kuwi dilebokké ing tatakan emas sing dipasang ing éfod bagéan pundhak. Dadi, tutup dhadha kuwi ana ing ngarepé éfod.
-