11Yéhuwah kandha karo Musa, ”Aku bakal ngukum Firaun lan Mesir sepisan manèh. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal ngéntukké kowé lunga saka kéné.+ Malah, dhèwèké bakal ngusir kowé saka kéné.+
29 Pas tengah wengi, Yéhuwah matèni kabèh anak pertama ing tanah Mesir,+ saka anak pertamané wong sing lagi mréntah, yaiku Firaun, nganti anak pertamané tahanan sing ana ing penjara. Kabèh anak pertamané kéwan ya dipatèni.+
31 Bengi kuwi, Firaun langsung ngundang* Musa lan Harun,+ terus kandha, ”Lungaa! Kowé karo kabèh wong Israèl kudu lunga saka tanahku. Lungaa ngibadah marang Yéhuwah, kaya sing mbok karepké.+