-
Pangentasan 10:8-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Mula, Firaun ngundang* Musa lan Harun manèh, terus kandha, ”Kowé éntuk lunga lan ngibadah marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Ning, sapa waé sing arep mèlu?” 9 Musa njawab, ”Sing enom, sing tuwa, bocah-bocah lanang, bocah-bocah wédok, domba, lan sapi+ merga aku kabèh bakal nggawé perayaan kanggo Yéhuwah.”+ 10 Firaun kandha, ”Kowé mesthi nduwé niat jahat. Apa mbok pikir Yéhuwah bener-bener ndhukung kowé+ nganti aku ngéntukké kowé lan anak-anakmu lunga? 11 Ora kabèh éntuk lunga. Kowé péngin ngibadah marang Yéhuwah, ta? Nèk ngono, sing lanang waé sing éntuk lunga.” Terus, Firaun ngusir Musa lan Harun saka kono.
-