8 Akhiré Njenengan, Yéhuwah, nggawa aku metu saka Mesir nganggo kekuwatan lan kuwasané sing gedhé,+ mukjijat,+ lan tumindak sing nggawé wong-wong wedi.
21 Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl, umat-Mu?+ Gusti Allah sing bener wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté+ lan nggawé jenengé dikenal liwat tumindaké sing hébat lan luar biasa.+ Gusti Allah ya ngusir bangsa-bangsa saka ngarepé umaté+ sing wis ditebus saka Mesir.
17 Gusti Allahé bangsa Israèl wis milih nènèk moyangé awaké dhéwé. Wektu nènèk moyangé awaké dhéwé dadi penduduk asing ing Mesir, Gusti Allah nulungi wong-wong kuwi. Gusti Allah ya mbébaské wong-wong kuwi nganggo kuwasané sing gedhé.+