6Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé bakal ndelok apa sing bakal Tak tindakké marang Firaun.+ Nganggo kuwasa-Ku, Aku bakal meksa dhèwèké ngéntukké kowé lunga, lan sakwisé ndelok kuwasa-Ku, dhèwèké bakal ngongkon kowé lunga saka tanahé.”+
6 ”Mula, ngomonga karo wong Israèl, ’Aku Yéhuwah, Aku bakal mbébaské kowé saka kerja paksa lan bèn kowé ora dadi budhaké+ wong Mesir manèh. Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku bèn isa nylametké kowé lan mènèhi hukuman sing abot+ kanggo wong Mesir.
6 Kowé kuwi bangsa sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu. Saka antarané kabèh bangsa ing bumi,+ Yéhuwah Gusti Allahmu wis milih kowé dadi umaté, yaiku umaté sing istiméwa.*
8 Ning, kuwi merga Yéhuwah nresnani kowé lan nepati sumpahé marang nènèk moyangmu.+ Mulané, nganggo kuwasané sing gedhé, Yéhuwah mbébaské* kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak,+ saka kuwasané* Firaun raja Mesir.