PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 15:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Ing dina kuwi, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Abram.+ Gusti Allah kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu,*+ yaiku saka kali ing Mesir tekan kali gedhé, yaiku Kali Éfrat.+

  • Purwaning Dumadi 26:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Kowé kudu manggon dadi wong asing ing tanah iki.+ Aku bakal mbantu kowé lan mberkahi kowé merga kabèh tanah iki+ bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu.* Aku bakal nepati sumpah-Ku karo Abraham bapakmu,+

  • Purwaning Dumadi 35:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Aku bakal mènèhi kowé lan keturunanmu* tanah sing wis Tak wènèhké+ marang Abraham lan Ishak.”

  • Pangentasan 32:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Élinga karo Abraham, Ishak, lan Israèl abdi-Mu. Njenengan wis tenanan sumpah, ’Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget, kaya bintang ing langit.+ Aku bakal mènèhké tanah sing wis Tak tentokké iki kanggo keturunanmu, bèn tanah iki dadi duwèké keturunanmu nganti saklawasé.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim