-
Purwaning Dumadi 22:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Malaékaté Yéhuwah ngundang* Abraham manèh saka langit, 16 terus kandha, ”Yéhuwah kandha,+ ’Aku tenanan sumpah, merga kowé wis manut karo préntah-Ku lan gelem mènèhké anak tunggalmu kanggo Aku,+ 17 Aku mesthi bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai.+ Keturunanmu* mesthi bakal ngrebut kuthané* mungsuh-mungsuhé.+
-
-
Purwaning Dumadi 35:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Gusti Allah kandha karo Yakub, ”Jenengmu Yakub,+ ning kowé ora bakal disebut Yakub manèh. Mulai saiki jenengmu dadi Israèl.” Gusti Allah mulai nyebut dhèwèké Israèl.+ 11 Gusti Allah kandha manèh, ”Aku Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh. Kowé bakal dadi bapaké akèh bangsa,+ lan raja-raja bakal lair saka keturunanmu.+
-