-
Pangentasan 4:14-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Yéhuwah nesu karo Musa lan kandha, ”Kowé nduwé kakang sing jenengé Harun+ wong Lèwi kuwi, ta? Dhèwèké pinter ngomong. Dhèwèké lagi mlaku mréné merga arep nemoni kowé. Nèk ketemu kowé, dhèwèké* mesthi seneng banget.+ 15 Kowé kudu omong-omongan karo dhèwèké lan ngandhani dhèwèké apa sing Tak omongké mau.+ Aku bakal mbantu kowé lan kakangmu ngomong,+ lan Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok lakoni. 16 Dhèwèké bakal dadi wakilmu sing ngomong karo wong-wong kuwi. Kowé kudu ngandhani Harun kabèh sing diomongké Gusti Allah.+
-
-
Pangentasan 4:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Harun ngandhani para pemimpin kuwi soal kabèh sing diomongké Yéhuwah marang Musa. Terus, Musa nggawé mukjijat+ ing ngarepé wong Israèl.
-