-
Pangentasan 9:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Aku, Yéhuwah, bakal misahké ternaké wong Israèl saka ternaké wong Mesir. Ora ana ternaké wong Israèl sing bakal mati.”’”+
-
-
Pangentasan 9:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Mung ing tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni wong Israèl, sing ora ana udan ès.+
-
-
Pangentasan 10:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Wong Mesir ora isa ndelok apa-apa, lan wong-wong kuwi ora lunga menyang endi-endi telung dina suwéné. Tapi, panggonané wong Israèl tetep padhang.+
-
-
Pangentasan 12:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Getih ing kusèn lawangmu bakal dadi tandha ing omahmu. Pas Aku ndelok getih kuwi, Aku ora bakal mlebu ing omahmu, ning mung Tak liwati. Kowé ora bakal kena hukuman lan ora bakal mati wektu Aku ngukum wong Mesir.+
-