PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 8:21, 22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Nèk kowé ora ngéntukké umat-Ku lunga, Aku bakal nggawé laler* nyerbu kowé, para abdimu, rakyatmu, lan istanamu. Omahé wong Mesir bakal kebak laler. Lemah ya bakal kebak laler. 22 Wektu kuwi, Aku bakal nglindhungi tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni umat-Ku. Ora bakal ana laler ing kono.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing nguwasani bumi iki.+

  • Pangentasan 9:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aku, Yéhuwah,+ bakal matèni ternakmu. Jaranmu, keledaimu, untamu, sapimu, kambingmu, lan dombamu bakal mati merga kena penyakit.+

  • Pangentasan 9:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Sésuké, Yéhuwah tumindak kaya sing diomongké mau. Kabèh ternaké wong Mesir mati,+ tapi ora ana ternaké wong Israèl sing mati.

  • Pangentasan 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Mung ing tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni wong Israèl, sing ora ana udan ès.+

  • Pangentasan 11:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Ning, wong Israèl lan ternaké ora bakal kena apa-apa. Asu waé ora bakal njegogi wong-wong kuwi. Dadi, kowé isa ngerti nèk tumindaké Yéhuwah marang wong Mesir béda karo tumindaké marang wong Israèl.’”+

  • Pangentasan 12:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Getih ing kusèn lawangmu bakal dadi tandha ing omahmu. Pas Aku ndelok getih kuwi, Aku ora bakal mlebu ing omahmu, ning mung Tak liwati. Kowé ora bakal kena hukuman lan ora bakal mati wektu Aku ngukum wong Mesir.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim