-
Pangentasan 13:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ing dina kuwi, kowé kudu ngomong karo anakmu, ’Perayaan iki kanggo ngéling-éling nèk Yéhuwah wis mbébaské awaké dhéwé saka Mesir.’+
-
-
Pangandharing Torèt 4:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Kowé kudu ngati-ati lan waspada bèn kowé ora lali karo kabèh sing wis mbok delok lan bèn kuwi tetep ana ing atimu nganti saklawasé. Kowé ya kudu nyritakké soal kuwi marang anak putumu.+
-
-
Pangandharing Torèt 6:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 ”Sukmbèn nèk anakmu takon, ’Ngapa kok Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhi pangéling-éling, peraturan, lan hukum iki?’ 21 Kowé kudu njawab, ’Aku dadi budhaké Firaun ing Mesir, ning Yéhuwah mbébaské aku saka Mesir nganggo kuwasané sing gedhé. 22 Mula, ing ngarepé awaké dhéwé, Yéhuwah terus nggawé mukjijat sing hébat lan medèni sing nggawé susah wong Mesir,+ Firaun, lan kabèh wong sing ana ing omahé.+
-
-
Mazmur 44:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
44 Oh Gusti Allah, aku wis krungu,
Nènèk moyangku crita karo aku+
Soal kabèh sing wis mbok tindakké ing jamané nènèk moyangku,
Ing jaman mbiyèn.
-