PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 14:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Ning, kowé aja mbrontak nglawan Yéhuwah lan aja wedi karo wong-wong ing tanah kuwi+ merga wong-wong kuwi bakal gampang dikalahké.* Ora ana sing nglindhungi wong-wong kuwi, ning Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé.+ Dadi, aja wedi karo wong-wong kuwi.”

  • Pangandharing Torèt 20:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Dhèwèké kudu ngomong ngéné, ”Israèl, rungokna. Ora suwé manèh kowé bakal perang nglawan mungsuhmu. Kowé kudu wani. Aja wedi karo wong-wong kuwi,

  • 2 Babad 20:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Dhèwèké kandha, ”Wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, lan Raja Yéhosyafat, gatèkna! Iki omongané Yéhuwah, ’Aja wedi merga pasukan sing akèh iki, merga iki dudu perangmu ning perangé Gusti Allah.+

  • 2 Babad 20:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Ing perang iki, kowé ora perlu nyerang. Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu, tetep ngadeg,+ lan deloken piyé Yéhuwah nylametké kowé.+ Yéhuda lan Yérusalèm, aja wedi.+ Sésuk, kowé kudu ngadhepi wong-wong kuwi, lan Yéhuwah bakal ndhukung kowé.’”+

  • Mazmur 27:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Yéhuwah kuwi sing nuntun* aku+ lan nylametké aku.

      Aku ora wedi karo sapa waé.+

      Yéhuwah kuwi kaya bèntèng sing nglindhungi uripku.+

      Ora ana sing nggawé aku wedi.

  • Mazmur 46:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 46 Gusti Allah kuwi kekuwatanku lan sing nglindhungi aku.+

      Dhèwèké siap nulungi wektu aku susah.+

  • Yésaya 41:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Aja wedi merga Aku ndhukung kowé.+

      Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu.+

      Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé.+

      Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.’*

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim