PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 39:7-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Suwé-suwé bojoné majikané mulai seneng karo Yusuf lan kandha karo Yusuf, ”Ayo turu* karo aku.” 8 Ning, Yusuf ora gelem. Yusuf kandha, ”Majikanku wis masrahké kabèh sing ana ing omah iki bèn tak urus, lan dhèwèké ora perlu mikirké apa-apa manèh. 9 Aku sing nduwé wewenang paling gedhé ing omah iki. Kabèh wis dipasrahké marang aku kecuali njenengan, merga njenengan bojoné. Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.”+

  • Pangandharing Torèt 5:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”’Aja laku jina.+

  • Wulang Bebasan 6:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Wong sing laku jina* kuwi wong sing bodho.

      Wong kuwi nggawé uripé dhéwé dadi susah banget.+

  • Matius 5:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 ”Kowé wis krungu omongan, ’Aja laku jina.’+ 28 Ning, kowé tak kandhani, saben wong sing terus nyawang wong wédok+ nganti nduwé nafsu, wong kuwi wis laku jina ing njero atiné.+

  • Roma 13:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Ana hukum sing kandha, ”Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja péngin ngepèk duwèké wong liya.”+ Préntah kuwi lan préntah liyané disimpulké nganggo kata-kata iki, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+

  • 1 Korintus 6:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Kowé kudu cepet-cepet nolak* hubungan sèks sing ora pantes.*+ Ora ana dosa liyané sing kaya ngono, merga wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes nglarani badané dhéwé.+

  • Ibrani 13:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Perkawinan kudu dianggep berharga karo kabèh wong. Aja nganti wong lanang lan wong wédok sing wis nikah ora setya,+ merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan sing laku jina.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim