PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 24:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ”Panggangen 12 roti sing bentuké kaya gelang. Saben roti kudu digawé saka loro persepuluh éfa* tepung alus. 6 Roti-roti kuwi dèlèhna ing ndhuwur méja saka emas murni sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Dèlèhna dadi rong susun, sak susun isiné enem roti.+

  • 1 Samuèl 21:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Terus, imam kuwi mènèhi roti suci+ marang Daud, merga ora ana roti liyané kecuali roti persembahan. Roti kuwi bar dijupuk saka ngarepé Yéhuwah, merga dina kuwi rotiné arep diganti karo roti sing anyar.

  • 1 Babad 9:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Saka keturunané Korah, sebagéan saka sedulur-seduluré wong-wong kuwi éntuk tugas ngurusi roti persembahan*+ lan nyiapké kuwi saben dina sabat.+

  • 2 Babad 13:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Wong-wong kuwi nggawé asap persembahan bakaran kanggo Yéhuwah saben ésuk lan soré.+ Wong-wong kuwi ya mbakar dupa wangi,+ ndèlèhké roti persembahan*+ ing méja saka emas murni, lan ngurubké lampu ing wadhah lampu saka emas+ saben soré.+ Aku nindakké tanggung jawabku marang Yéhuwah Gusti Allahku, ning kowé malah ninggalké Dhèwèké.

  • Matius 12:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, terus dhèwèké lan anak buahé mangan roti persembahan,+ padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim