-
Kaimaman 24:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Ing saben tumpukan roti kuwi, dèlèhna menyan murni. Menyan kuwi bakal ngélingké Gusti Allah nèk kabèh roti kuwi wis diwènèhké dadi persembahan+ sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 8 Saben dina Sabat, kabèh roti kuwi kudu didèlèhké ing ngarepé Yéhuwah.+ Iki perjanjian-Ku karo wong Israèl kanggo sakterusé. 9 Roti kuwi bakal dadi duwèké Harun lan anak-anaké lanang.+ Roti kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci+ merga kuwi bagéan sing suci banget kanggo imam, sing dijupuk saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Iki peraturan kanggo sakterusé.”
-
-
Markus 2:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisah sing nyritakké wektu Daud lan anak buahé lagi ngelih,* ning ora nduwé panganan?+ 26 Ing kisah soal Imam Kepala Abiatar,+ Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, mangan roti persembahan, lan mènèhké kuwi marang anak buahé, padahal kuwi ora éntuk dipangan sapa waé kecuali para imam.+ Apa kowé durung tau maca kisah kuwi?”
-