-
1 Samuèl 21:1-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Terus, Daud lunga menyang Nob+ marani Imam Ahimèlèkh. Pas ketemu Daud, Ahimèlèkh wedi lan kandha, ”Ngapa kok kowé mréné dhèwèkan lan ora ana kancané?”+ 2 Daud njawab Imam Ahimèlèkh, ”Aku dikèki tugas saka Raja, ning Raja kandha, ’Aja nganti ana sing ngerti soal tugas iki lan soal préntah sing tak kèkké kowé.’ Mula, aku janjian karo anak buahku arep ketemuan ing salah siji panggonan. 3 Nèk njenengan nduwé roti lima utawa panganan liyané, tulung kèkna aku.” 4 Ning imam kuwi njawab, ”Anané mung roti suci,+ nèk roti biasa ora ana. Roti kuwi mung éntuk dipangan nèk anak buahmu wis ngedoh saka wong wédok.”*+ 5 Daud njawab, ”Aku lan anak buahku pancèn wis ngedoh saka wong wédok, kaya biasané nèk aku arep perang.+ Nèk tugas biasa kaya ngono waé anak buahku njaga badané tetep suci, apa manèh dina iki.” 6 Terus, imam kuwi mènèhi roti suci+ marang Daud, merga ora ana roti liyané kecuali roti persembahan. Roti kuwi bar dijupuk saka ngarepé Yéhuwah, merga dina kuwi rotiné arep diganti karo roti sing anyar.
-