-
Pangentasan 3:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Aku bakal mudhun* lan nylametké wong-wong kuwi saka wong Mesir lan nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ Terus, wong-wong kuwi bakal Tak gawa menyang tanah sing subur lan amba, sing akèh susu lan maduné,+ yaiku tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+
-
-
Pangandharing Torèt 8:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah wis nggawa kowé menyang tanah sing apik,+ tanah sing ana kaliné, lan mata air sing mili ing lembah lan ing wilayah pegunungan. 8 Ing tanah kuwi ana akèh gandum, barli, anggur, buah ara, delima,+ minyak zaitun, lan madu.+ 9 Ing tanah kuwi ya ana akèh banget panganan, lan kowé ora bakal kekurangan apa-apa. Watu-watu ing tanah kuwi ana wesiné, lan kowé bakal nambang tembaga ing gunung-gunungé.
-