-
Pangentasan 29:16-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Belèhen domba kuwi, lan cipratna getihé ing sak ubengé mézbah.+ 17 Domba kuwi kudu mbok potong-potong, terus usus lan sikilé* kudu mbok kumbah.+ Potongan-potongan lan endhasé domba kuwi kudu mbok jèjèrké ing ndhuwur mézbah. 18 Kabèh bagéan domba kuwi kudu mbok obong ing ndhuwur mézbah bèn asapé munggah. Kuwi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah, persembahan sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng.+ Kuwi persembahan bakaran sing diobong kanggo Yéhuwah.
-
-
Kaimaman 8:18-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Bar kuwi, Musa nggawa domba lanang dadi persembahan bakaran. Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 19 Terus, Musa mbelèh domba kuwi lan nyipratké getihé domba kuwi ing sak ubengé mézbah. 20 Bar kuwi, domba mau dipotong-potong. Endhasé, gajihé,* lan potongan-potongan domba kuwi diobong ing mézbah. 21 Usus lan sikilé* dikumbah nganggo banyu, terus Musa ngobong domba mau sak kabèhé ing mézbah. Kuwi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
-
-
Kaimaman 9:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus, Harun mbelèh korban kanggo persembahan bakaran. Anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé korban kuwi marang Harun, bar kuwi Harun nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah.+ 13 Potongan-potongan kéwan persembahan bakaran kuwi, termasuk endhasé, diwènèhké marang Harun. Terus, Harun ngobong kuwi kabèh ing mézbah. 14 Bar kuwi, usus lan sikilé* dikumbah, terus dibakar ing ndhuwuré persembahan bakaran ing mézbah.
-