-
Kaimaman 3:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah. Kuwi dadi bagéané* Gusti Allah, yaiku persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kabèh gajih kuwi duwèké Yéhuwah.+
17 ”’Ing endi waé kowé manggon, kowé lan kabèh keturunanmu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé: Aja nganti kowé mangan gajih utawa getih.’”+
-
-
Kaimaman 4:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”’Terus, dhèwèké kudu njupuk kabèh gajihé sapi persembahan dosa mau, termasuk gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 9 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 10 Sing dijupuk saka sapi lanang kuwi kudu padha kaya sapi lanang sing dadi korban kerukunan.*+ Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah persembahan bakaran.
-
-
1 Samuèl 2:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Nèk wong kuwi kandha, ”Gajihé bèn dibakar sik,+ bar kuwi lagi jupuken sing mbok péngini,” pelayan imam kuwi bakal kandha, ”Ora, kèkna saiki! Nèk ora, bakal tak rebut.” 17 Mula, dosané para pelayan kuwi gedhé banget nurut pandhangané Yéhuwah+ merga wong-wong kuwi* ngrèmèhké persembahan kanggo Yéhuwah.
-