-
Kaimaman 7:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 ”Kowé kudu mènèhi préntah iki marang wong Israèl, ’Kowé ora éntuk mangan gajihé+ sapi lanang, gajihé domba lanang enom, utawa gajihé kambing.
-
-
1 Samuèl 2:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Malah, sakdurungé gajihé dibakar,+ pelayan imam bakal mara lan kandha marang wong sing arep mènèhké korban, ”Daging sing isih mentah kuwi wènèhna marang imam bèn dipanggang. Dhèwèké ora gelem nampa daging sing wis digodhog, gelemé mung daging sing isih mentah.” 16 Nèk wong kuwi kandha, ”Gajihé bèn dibakar sik,+ bar kuwi lagi jupuken sing mbok péngini,” pelayan imam kuwi bakal kandha, ”Ora, kèkna saiki! Nèk ora, bakal tak rebut.” 17 Mula, dosané para pelayan kuwi gedhé banget nurut pandhangané Yéhuwah+ merga wong-wong kuwi* ngrèmèhké persembahan kanggo Yéhuwah.
-