-
Pangentasan 29:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Dèlèhna kabèh roti kuwi ing tangané Harun lan anak-anaké, terus kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah.
-
-
Kaimaman 8:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Musa njupuk gajihé domba kuwi, yaiku buntut sak gajihé, kabèh gajih sing ana ing ususé, gajih sing ana ing atiné, ginjal loro sak gajihé, lan sikil tengené.+ 26 Terus, dhèwèké njupuk roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, roti sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak siji,+ lan roti tipis siji saka kranjang sing isiné roti tanpa ragi sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur sikil tengen lan potongan-potongan gajihé domba mau. 27 Bar kuwi, Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing tlapak tangané Harun lan anak-anaké lanang, terus kuwi kabèh diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.
-
-
Kaimaman 9:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Ning, dhadha lan sikil tengené kéwan korban mau kudu diayun-ayun Harun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun kaya sing dipréntahké Musa.+
-