-
Kaimaman 8:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, Musa nggawa sapi lanang kanggo persembahan dosa. Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé sapi lanang persembahan dosa kuwi.+ 15 Musa mbelèh sapi kuwi, terus drijiné dicelupké ing getihé+ sapi kuwi. Getih kuwi diolèské ing sungu-sungu sing ana ing mézbah supaya mézbah kuwi dadi murni, ning sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah. Kuwi kabèh ditindakké bèn mézbah kuwi dadi suci lan murni.
-