-
Pangentasan 29:26-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 ”Bar kuwi, jupuken bagéan dhadhané domba sing dikorbanké wektu Harun dilantik dadi imam.+ Kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah, lan kuwi bakal dadi bagéanmu. 27 Bagéan-bagéan saka domba lanang sing dikorbanké kanggo nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam+ kudu mbok gawé suci, yaiku bagéan dhadha saka domba sing dikorbanké dadi persembahan sing diayun-ayun lan sikilé domba sing dadi persembahan suci kuwi. 28 Kuwi bagéan sing suci lan kudu dadi duwèké Harun lan anak-anaké. Wong Israèl kudu manut karo peraturan kuwi nganti sakterusé. Kuwi bakal dadi bagéan sing suci saka korban kerukunan+ sing kudu diwènèhké wong Israèl+ marang Yéhuwah.
-
-
Kaimaman 9:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Ning, dhadha lan sikil tengené kéwan korban mau kudu diayun-ayun Harun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun kaya sing dipréntahké Musa.+
-