PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 1:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”’Ning, nèk kowé arep mènèhké manuk dadi persembahan bakaran marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké manuk derkuku utawa dara sing isih enom.+

  • Kaimaman 5:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”’Nèk ora isa mènèhké domba utawa kambing, dhèwèké kudu mènèhké manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro dadi persembahan kesalahan marang Yéhuwah. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+

  • Kaimaman 14:21, 22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Ning, nèk wong kuwi mlarat lan ora mampu, wong kuwi kudu nggawa domba lanang enom siji kanggo persembahan kesalahan sing bakal diayun-ayun supaya dosané wong kuwi diapura. Wong kuwi ya kudu nggawa sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian, sak log minyak, 22 lan manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, nurut kemampuané. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+

  • Lukas 2:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Wong loro kuwi mènèhké persembahan sesuai karo sing ditulis ing Hukum Yéhuwah,* yaiku ”manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro”.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim