PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 12:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Imam bakal mènèhké kuwi ing ngarepé Yéhuwah lan njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong wédok kuwi diapura. Mula, wong wédok kuwi dadi ora najis manèh merga wis ora ngetokké getih. Kuwi hukum soal wong wédok sing nglairké anak lanang utawa wédok. 8 Ning, nèk wong wédok kuwi ora mampu mènèhi domba siji, dhèwèké kudu nggawa manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro.+ Sing siji kanggo persembahan bakaran lan sing sijiné kanggo persembahan dosa. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong wédok kuwi diapura, lan wong wédok kuwi bakal ora najis manèh.’”

  • Kaimaman 14:21, 22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Ning, nèk wong kuwi mlarat lan ora mampu, wong kuwi kudu nggawa domba lanang enom siji kanggo persembahan kesalahan sing bakal diayun-ayun supaya dosané wong kuwi diapura. Wong kuwi ya kudu nggawa sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian, sak log minyak, 22 lan manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, nurut kemampuané. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+

  • Kaimaman 15:13-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”’Nèk alat kelaminé wong lanang sing lara kuwi wis ora ngetokké cairan kaya nanah manèh lan wong kuwi wis mari, pitung dina sakwisé kuwi wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus nganggo banyu resik bèn dhèwèké ora najis manèh. Sakwisé kuwi, wong lanang kuwi bakal ora najis manèh.+ 14 Ing dina kewolu, wong lanang sing lara kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro ing ngarepé Yéhuwah, ing lawang kémah pertemuan, lan mènèhké kuwi marang imam. 15 Imam kudu mènèhké manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong lanang sing lara kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah supaya wong lanang kuwi ora najis manèh.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim