-
Wilangan 12:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Yéhuwah njawab Musa, ”Nèk bapaké ngidoni rainé, dhèwèké kan bakal diisin-isinké pitung dina suwéné, ta? Mula, bèn waé dhèwèké dipisahké saka wong liya pitung dina suwéné ing njaba perkémahan+ lan sakwisé kuwi lagi olèh bali.”
-
-
2 Para Raja 7:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ana wong sing lara kusta cacahé papat ing gerbang kutha.+ Wong-wong kuwi padha kandha, ”Kanggo apa awaké dhéwé lungguh ing kéné terus nganti mati?
-
-
2 Babad 26:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Pas imam kepala Azaria lan kabèh imam ndelok dhèwèké, kabèh imam kuwi ndelok nèk dhèwèké kena kusta ing bathuké. Mula, para imam kuwi cepet-cepet nggawa Uzzia metu. Uzzia ya cepet-cepet metu saka kono, merga Yéhuwah ngukum dhèwèké.
21 Raja Uzzia terus sengsara merga kusta kuwi nganti dhèwèké mati. Dhèwèké terus manggon ing salah siji omah sing kepisah karo liyané merga dhèwèké lara kusta.+ Dhèwèké ya ora éntuk mlebu ing omahé Yéhuwah manèh. Yotam anaké ngawasi istana lan dadi hakimé rakyat ing tanah kuwi.+
-