-
Kaimaman 13:45, 46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
45 Wong sing lara kusta kuwi kudu nganggo klambi suwèk-suwèk, rambuté ora diurus, lan lambéné* kudu ditutupi. Wong kuwi kudu mbengok, ’Najis! Najis!’ 46 Wong kuwi bakal dadi najis saksuwéné wong kuwi lara. Merga najis, wong kuwi kudu manggon ing panggonan sing kepisah karo wong liyané. Wong kuwi kudu manggon ing njaba perkémahan.+
-
-
Wilangan 12:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Yéhuwah njawab Musa, ”Nèk bapaké ngidoni rainé, dhèwèké kan bakal diisin-isinké pitung dina suwéné, ta? Mula, bèn waé dhèwèké dipisahké saka wong liya pitung dina suwéné ing njaba perkémahan+ lan sakwisé kuwi lagi olèh bali.” 15 Mula, Miriam dipisahké saka wong liya pitung dina suwéné+ ing njaba perkémahan, lan bangsa kuwi ora mangkat ing endi-endi nganti Miriam bali.
-