-
Kaimaman 9:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Bar kuwi, Harun mbelèh sapi lanang lan domba lanang dadi korban kerukunan* kanggo bangsa kuwi. Anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé korban kuwi marang Harun, terus Harun nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah.+ 19 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi njupuk bagéan-bagéan sing ana gajihé saka sapi lanang kuwi,+ lan njupuk buntut sak gajihé saka domba lanang kuwi. Wong-wong kuwi ya njupuk gajih sing nèmplèk ing jeroan, ginjal, lan gajih ing atiné sapi lan domba kuwi,+ 20 terus ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur dhadhané loro kéwan korban mau. Terus, Harun ngobong kabèh gajih kuwi ing mézbah.+
-