-
Kaimaman 14:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Bar kuwi, getih kuwi dicipratké ping pitu marang wong kuwi, terus imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis. Imam kudu ngeculké manuk sing urip mau ing panggonan terbuka.+
-
-
Kaimaman 14:53Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
53 Bar kuwi, imam kudu ngeculké manuk sing urip mau ing panggonan terbuka. Nganggo cara kuwi, imam nggawé omah kuwi dadi suci lan ora najis manèh.
-
-
Kaimaman 16:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Harun kudu ndèlèhké tangané loro-loroné ing endhasé kambing sing isih urip mau lan ngakoni kabèh kesalahan, pelanggaran, lan dosa-dosané wong Israèl. Kuwi kaya-kayané Harun ndèlèhké kabèh dosa kuwi ing ndhuwur endhasé kambing kuwi. Terus, Harun kudu mènèhké kambing kuwi+ marang wong sing wis ditugasi, lan wong kuwi kudu ngeculké kambing kuwi menyang padhang belantara. 22 Kambing kuwi kudu dieculké menyang padhang belantara+ bèn nggawa kabèh kesalahané wong Israèl.+
-