PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 32:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Sésuké, Musa kandha marang wong Israèl, ”Kowé wis nggawé dosa sing gedhé banget. Saiki aku bakal munggah gunung kanggo nemoni Yéhuwah. Aku bakal njaluk marang Gusti Allah. Mungkin Gusti Allah gelem ngapura dosamu.”+

  • Kaimaman 16:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 ”Kèt Harun mlebu ing Ruang Mahasuci kanggo nyipratké getih bèn dosa diapura nganti dhèwèké metu saka kono, ora ana wong siji-sijia sing éntuk mlebu ing kémah pertemuan. Ing kono, Harun bakal nyipratké getih bèn dosané dhéwé, dosané keluargané,* lan dosané wong Israèl diapura.+

  • Wilangan 15:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Imam bakal njaluk bèn dosané kabèh wong Israèl diapura, terus Gusti Allah bakal ngapura wong-wong kuwi.+ Kuwi merga kesalahané ora disengaja, lan merga wong-wong kuwi wis mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Wong-wong kuwi ya wis mènèhi persembahan dosa ing ngarepé Yéhuwah kanggo kesalahané wong-wong kuwi.

  • Éfésus 1:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Merga Gusti Allah apikan banget, awaké dhéwé ditebus nganggo getihé Anaké.+ Awaké dhéwé dibébaské, lan pelanggarané awaké dhéwé diapura.+

  • Ibrani 2:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kuwi sebabé dhèwèké kudu dadi bener-bener padha kaya sedulur-seduluré kuwi.+ Mula, dhèwèké isa dadi imam agung sing nduwé rasa mesakké lan setya marang Gusti Allah. Dhèwèké ya isa dadi korban kanggo dosa-dosané wong-wong,+ sing nggawé wong-wong kuwi rukun karo Gusti Allah.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim