8 Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Aku ngangkat kowé kanggo ngurusi sumbangan sing diwènèhké kanggo Aku.+ Saka kabèh persembahan suci sing diwènèhké wong Israèl, ana bagéan sing wis Tak wènèhké kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Kuwi bakal dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu nganti sakterusé.+
12 ”Kabèh hasil panèn pertama+ sing diwènèhké wong Israèl marang Yéhuwah, yaiku minyak sing paling apik, anggur anyar sing paling apik, lan biji-bijian, kuwi kabèh Tak wènèhké marang kowé.+
30 Sing paling apik saka kabèh hasil panèn pertama lan sumbangan apa waé sing mbok wènèhké bakal dadi duwèké para imam.+ Kowé kudu mènèhké tepung pertama* saka hasil panènmu sing pertama marang imam,+ bèn keluargamu diberkahi.+