PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 23:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 ”Kowé kudu nggawa hasil panèn pertama sing paling apik saka tanahmu menyang omahé Yéhuwah, Gusti Allahmu.+

      ”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.+

  • Kaimaman 27:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 ”’Apa waé sing wis dikhususké kanggo Yéhuwah tanpa syarat, embuh kuwi manungsa, kéwan, utawa ladhang, kuwi kabèh ora éntuk diedol utawa ditebus karo wong sing nduwé kuwi. Kabèh sing wis dikhususké kuwi suci banget kanggo Yéhuwah.+

  • Kaimaman 27:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 ”’Sepersepuluh saka hasil tanah,+ embuh kuwi hasil ladhang utawa buah-buahan, kuwi duwèké Yéhuwah. Kuwi suci kanggo Yéhuwah.

  • Wilangan 18:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Persembahan sing diwènèhké+ wong Israèl bareng karo kabèh persembahan sing diayunké,+ kuwi ya dadi jatahmu, anak-anakmu, lan kabèh keturunanmu. Aku wis mènèhké kuwi kabèh dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu, yaiku anak-anakmu lanang lan wédok, nganti sakterusé.+ Kabèh wong sing ora najis ing keluargamu éntuk mangan kuwi.+

  • Wilangan 18:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Kandhanana wong Lèwi, ’Kowé bakal nampa sepersepuluh bagéan saka wong Israèl, lan bagéan kuwi wis Tak wènèhké dadi warisan kanggo kowé.+ Saka bagéan kuwi, kowé kudu mènèhké sepersepuluhé kanggo disumbangké marang Yéhuwah.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim