PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 14:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Muga-muga Gusti Allah sing Mahaluhur dipuji,

      Sing wis nyerahké mungsuhmu ing tanganmu.”

      Terus, Abram mènèhi Mèlkhizèdèk sepersepuluh saka kabèh jarahané.+

  • Purwaning Dumadi 28:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Watu sing tak dadèkké tandha iki bakal dadi omahé Gusti Allah,+ lan aku mesthi bakal mènèhi Gusti Allah sepersepuluh saka kabèh sing wis diwènèhké Gusti Allah marang aku.”

  • Wilangan 18:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Aku wis mènèhké sepersepuluh+ bagéan saka duwèké wong Israèl marang wong Lèwi lan kuwi bakal dadi warisané wong Lèwi lan dadi upahé kanggo gawéan sing ditindakké wong-wong kuwi yaiku nglayani ing kémah pertemuan.

  • Wilangan 18:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Kandhanana wong Lèwi, ’Kowé bakal nampa sepersepuluh bagéan saka wong Israèl, lan bagéan kuwi wis Tak wènèhké dadi warisan kanggo kowé.+ Saka bagéan kuwi, kowé kudu mènèhké sepersepuluhé kanggo disumbangké marang Yéhuwah.+

  • Pangandharing Torèt 14:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 ”Saben taun, kowé kudu mènèhi sepersepuluh saka hasil benih sing mbok tandur ing kebon.+

  • 2 Babad 31:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Sakwisé préntah kuwi diumumké, wong Israèl mènèhké akèh banget hasil sing pertama lan sing paling apik saka biji-bijian, anggur anyar, minyak,+ madu, lan kabèh hasil saka ladhang.+ Ana akèh banget sing digawa wong-wong kuwi, yaiku sepersepuluh saka sak kabèhé.+

  • Néhémia 13:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Kabèh wong Yéhuda padha nggawa sepersepuluh+ saka biji-bijian, anggur anyar, lan minyak menyang gudhang-gudhang kuwi.+

  • Maléakhi 3:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Gawanen kabèh sepersepuluhan menyang bait*+ bèn ana panganan ing omah-Ku.+ Ujinen Aku lan deloken, Aku mesthi bakal mbukak pintu-pintu air ing langit kanggo kowé+ lan ngesokké berkah kaya udan nganti ora ana manèh sing kekurangan,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

  • Lukas 11:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, inggu,* lan kabèh rempah*+ liyané, ning kowé nyepèlèkké keadilan lan katresnan marang Gusti Allah. Mènèhi persepuluhan pancèn wajib ditindakké, ning sing liyané kuwi ya ora olèh disepèlèkké.+

  • Ibrani 7:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Pancèn nèk menurut Hukum Musa, keturunané Lèwi+ sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké sepersepuluhan saka bangsa kuwi,+ yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim