-
Kaimaman 27:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 ”’Sepersepuluh saka hasil tanah,+ embuh kuwi hasil ladhang utawa buah-buahan, kuwi duwèké Yéhuwah. Kuwi suci kanggo Yéhuwah.
-
-
Néhémia 10:37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Sakliyané kuwi, tepung pertama*+ saka hasil panènku sing pertama, sumbanganku, kabèh jenis buah,+ anggur anyar, lan minyak+ bakal tak gawa marang para imam ing gudhang-gudhang ing omahé Gusti Allahku.+ Sepersepuluh saka hasil tanahku ya bakal tak gawa marang wong Lèwi,+ merga wong Lèwi kuwi sing bakal nampa sepersepuluh ing kabèh kutha pertanianku.
-
-
Néhémia 12:44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
44 Ing dina kuwi, ana wong-wong sing ditugaské ngawasi gudhang-gudhang+ kanggo nyimpen sumbangan,+ hasil panèn pertama,+ lan sepersepuluhan.+ Wong-wong kuwi kudu nglumpukké jatahé para imam lan wong Lèwi saka ladhang ing kutha-kutha, terus kuwi dilebokké ing gudhang-gudhang, persis kaya sing dipréntahké ing Hukum.+ Penduduk Yéhuda padha seneng nindakké iki, merga para imam lan wong Lèwi+ padha nglayani ing bait.
-