-
Wilangan 29:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”’Ing dina ke-15 sasi ke-7, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot, lan kowé kudu nggawé perayaan kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+
-
-
Néhémia 8:14-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Ing Hukum sing diwènèhké Yéhuwah liwat Musa, ana tulisan nèk wong Israèl kudu manggon ing pondok-pondok* saksuwéné perayaan ing sasi kepitu.+ 15 Wong-wong kuwi kudu ngumumké+ ing kabèh kuthané lan ing kabèh dhaérah Yérusalèm, ”Lungaa ing dhaérah pegunungan. Terus, gawanen cabang-cabang wit zaitun, wit pinus, wit mirtèl, wit palem, lan wit-wit liyané. Bar kuwi, kowé kudu nggawé pondok-pondok sesuai karo apa sing wis ditulis.”
16 Mula, wong-wong kuwi lunga lan padha nggawa cabang-cabang kuwi kanggo nggawé pondok-pondok ing atap omahé dhéwé-dhéwé, ing halaman omahé, ing halaman omahé Gusti Allah sing bener,+ ing lapangan Gerbang Banyu,+ lan ing lapangan Gerbang Éfraim.+ 17 Kabèh jemaat sing wis padha bali saka penawanan kuwi nggawé pondok-pondok lan padha manggon ing kono. Kabèh wong kuwi padha seneng banget,+ merga wong Israèl durung tau nindakké kuwi kèt jamané Yosua+ anaké Nun. 18 Buku hukumé Gusti Allah sing bener+ diwacakké saben dina, saka dina pertama nganti dina terakhir. Perayaan kuwi dianakké pitung dina suwéné, lan ing dina kewolu dianakké pertemuan sing istiméwa, cocog karo apa sing dipréntahké.+
-