-
Kaimaman 23:34-36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Ing dina ke-15 sasi kepitu, ana Perayaan Pondok kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+ 35 Ing dina pertama, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot. 36 Pitung dina suwéné kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Ing dina kewolu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah+ lan mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot.
-
-
Pangandharing Torèt 16:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 ”Kowé kudu ngrayakké Perayaan Pondok+ pitung dina suwéné wektu kowé ngumpulké hasil panèn saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan saka panggonan kanggo meres minyak lan anggur. 14 Wektu perayaan kuwi, kowé kudu ngrasa seneng+ bareng karo anak-anakmu, budhakmu lanang lan wédok, wong Lèwi, wong asing, anak yatim, lan randha, sing manggon ing kutha-kuthamu. 15 Kuwi kudu mbok rayakké+ kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, merga Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kabèh hasil panènmu+ lan kabèh sing mbok tindakké. Kowé bakal ngrasa seneng banget.+
-
-
Néhémia 8:14-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Ing Hukum sing diwènèhké Yéhuwah liwat Musa, ana tulisan nèk wong Israèl kudu manggon ing pondok-pondok* saksuwéné perayaan ing sasi kepitu.+ 15 Wong-wong kuwi kudu ngumumké+ ing kabèh kuthané lan ing kabèh dhaérah Yérusalèm, ”Lungaa ing dhaérah pegunungan. Terus, gawanen cabang-cabang wit zaitun, wit pinus, wit mirtèl, wit palem, lan wit-wit liyané. Bar kuwi, kowé kudu nggawé pondok-pondok sesuai karo apa sing wis ditulis.”
16 Mula, wong-wong kuwi lunga lan padha nggawa cabang-cabang kuwi kanggo nggawé pondok-pondok ing atap omahé dhéwé-dhéwé, ing halaman omahé, ing halaman omahé Gusti Allah sing bener,+ ing lapangan Gerbang Banyu,+ lan ing lapangan Gerbang Éfraim.+ 17 Kabèh jemaat sing wis padha bali saka penawanan kuwi nggawé pondok-pondok lan padha manggon ing kono. Kabèh wong kuwi padha seneng banget,+ merga wong Israèl durung tau nindakké kuwi kèt jamané Yosua+ anaké Nun. 18 Buku hukumé Gusti Allah sing bener+ diwacakké saben dina, saka dina pertama nganti dina terakhir. Perayaan kuwi dianakké pitung dina suwéné, lan ing dina kewolu dianakké pertemuan sing istiméwa, cocog karo apa sing dipréntahké.+
-