12 Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ bareng karo anak-anakmu lanang, anak-anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, lan bareng karo wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu, sing ora dikèki warisan kaya kowé.+
10 Néhémia kandha, ”Lungaa, mangana sing énak-énak, ngombéa sing legi-legi, lan wènèhna panganan+ marang wong sing ora nduwé apa-apa. Dina iki suci kanggo Gustiné awaké dhéwé. Aja sedhih, merga rasa seneng saka Yéhuwah kuwi isa nggawé kowé kuwat.”*
17 Kabèh jemaat sing wis padha bali saka penawanan kuwi nggawé pondok-pondok lan padha manggon ing kono. Kabèh wong kuwi padha seneng banget,+ merga wong Israèl durung tau nindakké kuwi kèt jamané Yosua+ anaké Nun.
18 Aku ndelok nèk iki apik lan cocog kanggo dilakoni: Wong kuduné mangan, ngombé, lan ngrasakké kabèh hasil kerja kerasé+ sing wis diupayakké ing ngisoré matahari saksuwéné uripé sing singkat, sing diwènèhké Gusti Allah sing bener marang dhèwèké. Kuwi upahé.*+