-
Rut 4:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Mula aku rumangsa kudu ngandhani kowé soal iki, ’Tukunen tanah kuwi ing ngarepé para penduduk lan pemimpiné bangsa iki.+ Nèk kowé gelem nebus, ya tebusen. Nèk ora, ngomonga karo aku bèn aku ngerti, merga sing nduwé hak nebus kuwi kowé dhisik, bar kuwi lagi aku.’” Wong kuwi njawab, ”Aku gelem nebus tanah kuwi.”+ 5 Terus Boaz kandha, ”Kowé kudu ngerti nèk tanah kuwi ora mung duwèké Naomi, ning ya duwèké Rut wong Moab, yaiku randha kuwi. Dadi kuwi kudu mbok tuku saka wong loro mau, bèn tanah warisané tetep dadi duwèké keturunané wong sing wis mati kuwi.”+ 6 Wong sing nduwé hak nebus kuwi kandha, ”Nèk ngono, aku ora isa nebus kuwi merga aku bakal rugi.* Tebusen waé. Hakku kanggo nebus tak wènèhké kowé merga aku ora isa nebus.”
-