PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 25:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 ”’Nèk sedulurmu dadi mlarat nganti kudu ngedol sebagéan tanahé, wong sing nduwé hak kanggo nebus, yaiku seduluré sing paling cedhak, kudu nebus tanah mau.+

  • Pangandharing Torèt 25:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ”Nèk ana kakang adhi manggon bareng,* terus salah sijiné mati sakdurungé nduwé anak, bojoné wong lanang sing mati kuwi ora éntuk nikah karo wong sing dudu keluargané sing lanang. Adhiné* wong lanang sing mati kuwi kudu nikah karo bojoné kakangé. Dhèwèké kudu nindakké kewajibané dadi ipar lan nikah karo wong wédok kuwi.+ 6 Anak pertama sing bakal dilairké wong wédok kuwi bakal dianggep dadi anaké wong lanang sing wis mati mau,+ bèn jenengé wong lanang kuwi ora dihapus saka Israèl.+

  • Rut 3:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Boaz takon, ”Kowé sapa?” Rut njawab, ”Aku Rut abdiné njenengan. Tulung lindhungi aku* merga njenengan sing nduwé hak nebus aku.”+

  • Rut 3:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Aku pancèn nduwé hak nebus+ kowé lan ibu maratuwamu, ning ana manèh sing nduwé hak kanggo nebus kowé, yaiku sedulurmu sing luwih cedhak timbang aku.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim