-
Pangandharing Torèt 14:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung nduwé kuku belah, yaiku unta, kelinci, lan hiraks,* merga kéwan-kéwan kuwi mung memamah biak tapi kukuné ora mbelah. Mula, kéwan-kéwan kuwi haram.+ 8 Kowé ya ora éntuk mangan babi, merga babi mung nduwé kuku belah tapi ora memamah biak. Babi kuwi haram. Aja mangan dagingé lan aja ndemèk bathangé.
-