28 Yosua kudu mbok dadèkké pemimpin,+ terus kudu mbok semangati lan mbok kuwatké, merga dhèwèké sing bakal nyabrang+ ing ngarepé bangsa iki lan sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing mbok delok kuwi bèn bangsa iki isa manggon ing kono.’
14 Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Sedhéla manèh kowé bakal mati.+ Kowé kudu ngundang* Yosua lan lunga menyang* kémah pertemuan, bèn dhèwèké isa Tak lantik dadi pemimpin.”+ Mula, Musa lan Yosua lunga menyang kémah pertemuan.
23 Terus, Dhèwèké* nglantik Yosua+ anaké Nun lan kandha, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing Tak wènèhké marang bangsa iki,+ lan Aku bakal ndhukung kowé.”