-
Pangandharing Torèt 1:34-38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 ”Yéhuwah ngrungokké sambatmu, terus Dhèwèké dadi nesu banget lan nggawé sumpah,+ 35 ’Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong* sing jahat iki sing bakal ndelok tanah sing apik sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangmu,+ 36 kecuali Kalèb anaké Yéfuné. Dhèwèké bakal ndelok tanah kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah sing wis diparani kuwi marang dhèwèké lan keturunané, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah saktulusé ati.+ 37 (Gara-gara kowé, Yéhuwah dadi nesu karo aku lan kandha, ”Kowé ya ora bakal mlebu ing tanah kuwi.+ 38 Yosua anaké Nun, pelayanmu,*+ sing bakal mlebu ing tanah kuwi.+ Kowé kudu nguwatké dhèwèké,+ merga dhèwèké sing bakal mimpin wong Israèl ngrebut tanah kuwi.”)
-