-
Wilangan 14:35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 ”’”Aku, Yéhuwah, wis kandha. Iki sing bakal Tak tindakké marang kabèh wong jahat iki, sing wis sepakat nglawan Aku: Ing padhang belantara iki, wong-wong jahat kuwi bakal entèk. Ing kéné, wong-wong jahat kuwi bakal mati.+
-
-
Wilangan 32:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Yéhuwah nesu lan sumpah,+ 11 ’Kabèh wong sing metu saka Mesir, sing umuré 20 taun munggah, ora bakal ndelok tanah+ sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang Abraham, Ishak, lan Yakub,+ merga wong-wong kuwi ora saktulusé ati manut karo Aku. 12 Ning Kalèb+ anaké Yéfuné, wong Kénaz kuwi, lan Yosua+ anaké Nun ora termasuk ing antarané wong-wong kuwi, merga wong loro kuwi saktulusé ati manut karo Yéhuwah.’+
-
-
Pangandharing Torèt 2:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Suwéné lunga saka Kadès-barnéa nganti nyabrang Lembah Zèrèd kuwi 38 taun, nganti kabèh wong lanang sing mèlu perang mati, kaya sumpahé Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+
-
-
Mazmur 95:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Mula Aku nesu lan nggawé sumpah,
’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.’”+
-