-
Purwaning Dumadi 2:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, Gusti Allah mberkahi dina kepitu kuwi lan kandha nèk dina kuwi suci, merga ing dina kuwi Gusti Allah istirahat saka gawéané sakwisé nggawé kabèh sing dikarepké.
-
-
Wilangan 14:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Tapi kabèh wong sing wis ndelok kemuliaan lan mukjijat-Ku*+ ing Mesir lan ing padhang belantara, ning bola-bali* ora percaya karo* Aku+ lan ora gelem ngrungokké omongan-Ku,+ 23 wong-wong kuwi ora bakal ndelok tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang nènèk moyangé. Ora ana wong siji-sijia sing wis ngrèmèhké Aku sing bakal ndelok tanah kuwi.+
-
-
Ibrani 4:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Awaké dhéwé sing wis nduwé iman bener-bener mlebu ing dina istirahat kuwi. Ning, kanggo wong-wong sing ora manut, Gusti Allah tau ngomong, ”Mula Aku nesu lan nggawé sumpah, ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing panggonan istirahat-Ku,’”+ senajan Gusti Allah wis istirahat kèt permulaané donya* sakwisé ngrampungké gawéané.+
-