PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 26:63, 64
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 63 Kuwi wong-wong sing didaftar Musa lan Èléazar pas wong Israèl diétung ing Padhang Gurun Moab, ing pinggir Kali Yordan cedhak Yérikho. 64 Ning, wong-wong sing diétung Musa lan Harun ing Padhang Belantara Sinai ora ana ing antarané wong-wong kuwi.+

  • Wilangan 32:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ’Kabèh wong sing metu saka Mesir, sing umuré 20 taun munggah, ora bakal ndelok tanah+ sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang Abraham, Ishak, lan Yakub,+ merga wong-wong kuwi ora saktulusé ati manut karo Aku.

  • Pangandharing Torèt 1:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 ’Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong* sing jahat iki sing bakal ndelok tanah sing apik sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangmu,+

  • Mazmur 95:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Mula Aku nesu lan nggawé sumpah,

      ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.’”+

  • Mazmur 106:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Mula, Gusti Allah nggawé sumpah

      Nèk Dhèwèké bakal matèni wong-wong kuwi ing padhang belantara.+

  • Ibrani 3:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Sapa sing dimaksud wektu Gusti Allah sumpah nèk ana sing ora bakal mlebu ing dina istirahaté? Mesthiné kabèh wong sing ora manut, ta?

  • Ibrani 4:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Awaké dhéwé sing wis nduwé iman bener-bener mlebu ing dina istirahat kuwi. Ning, kanggo wong-wong sing ora manut, Gusti Allah tau ngomong, ”Mula Aku nesu lan nggawé sumpah, ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing panggonan istirahat-Ku,’”+ senajan Gusti Allah wis istirahat kèt permulaané donya* sakwisé ngrampungké gawéané.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim