-
Pangandharing Torèt 3:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Mung bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu (aku ngerti nèk kowé nduwé ternak sing akèh banget) sing bakal tetep manggon ing kutha-kutha sing tak wènèhké marang kowé, 20 nganti Yéhuwah mènèhi sedulur-sedulurmu urip sing tentrem, kaya sing wis ditindakké marang kowé. Wong-wong kuwi ya bakal ngrebut tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang wong-wong kuwi ing sabrangé Kali Yordan. Terus, kowé bakal bali menyang tanahmu dhéwé-dhéwé sing wis tak wènèhké marang kowé.’+
-
-
Yosua 1:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu bakal manggon ing sisih wétané Kali Yordan,+ ing tanah sing diwènèhké Musa marang kowé. Ning kowé kabèh, para pejuang sing hébat,+ kudu ngatur barisan tempur lan nyabrang kali iki ndhisiki sedulurmu.+ Kowé kabèh kudu mbantu sedulurmu 15 nganti Yéhuwah nggawé sedulurmu isa manggon tentrem kaya kowé lan isa ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu. Sakwisé kuwi, balia menyang tanah sing wis diwènèhké marang kowé supaya mbok enggoni, yaiku tanah ing sisih wétané Kali Yordan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé.’”+
-
-
Yosua 13:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Suku Rubèn, suku Gad, lan setengah saka suku Manasyé wis njupuk dhaérah warisan sing wis diwènèhké Musa, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan. Dhaérah warisan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah,+ yaiku:
-