-
Wilangan 4:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Pas bangsa Israèl arep mangkat, Harun lan anak-anaké lanang kudu wis nutupi kabèh barang ing panggonan suci+ lan perlengkapané. Terus, kabèh wong lanang keturunané Kohat bakal mlebu kanggo ngusung kuwi.+ Ning, wong-wong kuwi ora éntuk ndemèk kabèh barang ing panggonan suci bèn ora mati.+ Kuwi tugasé kabèh wong lanang keturunané Kohat ing kémah pertemuan.
-
-
Wilangan 4:24-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Iki sing kudu diurus lan diusung keluarga keturunané Gèrsyon:+ 25 Wong-wong kuwi kudu ngusung kain-kain kémah tabernakel,+ kain penutup kémah pertemuan, penutup kémah, penutup saka kulit anjing laut sing didèlèhké ing ndhuwuré,+ kordhèn kanggo lawangé kémah pertemuan,+ 26 kordhèn kanggo halaman,+ kordhèn kanggo gerbang halaman,+ yaiku sing ngubengi tabernakel lan mézbah, tali-tali kémah karo kabèh perlengkapané, lan barang apa waé sing digunakké ing gawéan kuwi. Kuwi tugasé wong-wong kuwi.
-
-
Wilangan 4:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Iki tugasé wong-wong kuwi ing kémah pertemuan: Wong-wong kuwi kudu ngusung+ rangkané tabernakel,+ palang-palangé,+ cagak+ lan alasé,+ 32 termasuk kabèh cagak+ pembatas halaman lan alasé,+ kabèh pathok+ lan tali kémah karo perlengkapané, lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh. Kowé kudu nentokké barang endi sing kudu diusung saben wong. 33 Kuwi tugasé keluarga keturunané Mérari+ ing kémah pertemuan, lan wong-wong kuwi diawasi Itamar anaké Imam Harun.”+
-